Translate

Senin, 21 November 2016

guyon tegalan ( tebak2an )


  (Tebak2an Konyol Ala Takyun)

   Um Sukyad karo Takyun biasa mngkal mbecak bareng neng pangkalan becak pasar suradadi... go ngilangna kejenuhan nunggu penumpang, biasa ndospok karo tebak2 an..

Sukyad: yun apa bedane semut karo uwong ?
Takyun: uwong bisa kesemuten.. tp semut ora
              Bisa uwongen...
Sukyad: ketan sakepel dirubung semut..
Takyun: gampang.... salak
Sukyad: Dewa rengku..?
Takyun: gede dawa ireng kaku...
Sukyad: ya apa...?
Takyun: Tiang Listrik..!
Sukyad: manuk apa sing sayape neng sikil ?
Takyun: manuk kepedek / kepencot...!
               Saiki aku sing takon....
               Manuk apa sing kuat suwe ng njero
               Banyu...?
Sukyad: manuk bango...
Takyun: salah......
Sukyad: manuk laut sing bs nyilem...
Takyun: salah....
Sukyad: manuk apaaaa??
Takyun: "manuke" uwong nggolet pasir neng
               Kali.... !
Sukyad: bisane..?
Takyun: coba ente  ndeleng uwong luruh pasir
               Neng kali....!
               Awit esuk nyampai sore uwonge kung
               kum neng banyu tp "manuke"ora mati
               Mung cuma mengkered....
Sukyad: Haissh... parno koen. !!
Takyun: sebutna aran jajanan sing ngarepe
               Hurufe " Y" minimal 5... ?
Sukyad: ~yupi permen
                Ah.. angel kayane langka...!
Takyun: akeh... !
Sukyad: apa bae...?
Takyun: ~yengginang, yupuk, yotek,
                 Yujak, yempeyek,
Sukyad: petungwang nganciengtung bu ngan..?
Takyun: bhsa apa kuwe...?
Sukyad: china.. "tempe gantung neng lawang
               pangan kucing di pentung mlebu
               Longan...!
Takyun: wis lah bubar ana penumpang, sing
              Ngarang ya meningan ws ngantuk... !




Tidak ada komentar: