( SEDINA MANGAN SEPISAN )
Jaman saiki akeh ungsume uwong enom pada kena mriyang strok.. kadang esih enom mati.
Karena faktor sing makanan merga caca ruca.
Sukyad: yun.. tanggane aku esih enom ws kena
Strok ah...
Takyun: saiki penyakit ganas2 yad ! Sebab ari
Mangan caca ruca,ora ky uwong biyen.
Mangan ora kulina tahu tempe,yen mangan
Ayam soten ngenteni ana ayam di tabrak
Pit.. mulane nyong yen pngin mangan ayam
Mbiyen Nyekel ayam siji ta gawa ng dalan
Ana pit liwat tak tabrakna trs wadul bapane
Ayame ketabrak pit,nmbe digon sembeleh..
Uwong saiki mangane senenge daging..
Ya jelas ngandung satrol oh...
Sukyad: kolesterol ndean...?
Takyun: lah kuwe maksude...
Yad koen sedina mangan ping pira ?
Sukyad: ping 3 yah.... mangan esuk,mngn awan
Mangan sore.
Takyun: yen enyong ping sepisan tok..
Sukyad: goroh...?! Sepisan tok koen ra kuat
Nggenjot oh...
Takyun: pancen mung sepisan tok..
Sukyad: ora percaya.. bisane ?
Takyun: nyong mangn mung cm mangan awan.!
Yen esuk nyarap yen sore nyore..
Sukyad: ya pada bae...
Yun enyong heran maring aran anakmu...
Takyun: heran pimen ?
Sukyad: sing mbarep.... ngundange mbingungi..
Takyun: bingung pimen?
Sukyad: neng umah ngundange DEN kaya raden
Yen dolan kanca2ne ngundang GAN juragan
Yen neng sekolah jare ngundange RAI...
Keren tah pancen keren...! Asli aran lengkape
Sapa len ?
Takyun: oh... lengakpe RAIMU GANDEN... yad!
Sukyad: he...he... sing bener ?
Takyun: ya bener lah... ana kisahe !
Sukyad: kisah pimen ?
Takyun: biyen pas lahire bocah,enyong dadi
Kenet.. mobil ora kuat nanjak ng alas roban
Supire emosi,dumane enyong gon nggoleti
Ganjel (ganden) ora nemu2..nyong diraimu
Raimuni neng supire ! Ya Go eling2...
Sukyad: dasar koen... nggawe aran awagan...
Tapi ya ana benere kaa.. pas karo bocahe
Endase panjul.! Bocah saiki tah arane apik
Apik.. ora kaya uwong biyen.. runtah,turah
Kliwon,manis,wage... saiki tah keren2...
Takyun: yaa kaya arane enyong kr koen...
Arane sederhana,nasibe ya renta rentu
Abang becak ! Sing pnting tah halal ya yad.