( Ustad Takyun )
Biasa uwong loro ndospok neng pangkalan becak pasar suradadi...
Sukyad: wingi 3 dina ora narik maring ndi bae
Yun ?
Takyun: aku wingi kas olih undangan gon
Ceramah ngisi pengajian neng siwen !
Tapi aku yen kelingan ngguyu dewek..
Sukyad: bisane yun ?
Takyun: critane ngonong yad..."""
Aku kan biasa oh..mangkt ceramah
Dijemput nganggo mobil cary! ustad
Cilikan sih.. nganggone cary! Yen
Ustad Top ya nganggone minimal
Avanza... !
Pas teka, arep mudun ko mobil ana
Benda mengkilat persis ky watu akik
Kecubung...
Persis ngisor sikil..! Lah ente ngerti
Dewek oh..aku senengan batu akik ?
Pikirku, ah mumpung supire drng
Mudun, tak comot bae....belih ?
Jebule apa yad ?
Sukyad: apa yun ?
Takyun: jebule tembelek ayam !
Aku bingung, arep pan tak di usapna
neng mobil melas, neng sorban ora
Mungkin..akhire aku prembetan rajeg!
Karo pura2 rd sempoyongan, padhl
Ngusapi tembelk mau...!supir takon
"Enton nopo pk ustad? Aku jawab kieh
Kayong rada nggleyor2 mabok mobil..!
Aku di rengkol2 tekan tempat..
Barang tekan tempat di pabag kr panitia
Panitia terus salaman kr ngambungi
Tanganku! Tp tak sawang sawise
Salaman pd mbuang idu, aku ya maklu
mi, uwong mambu tembelek..!
Sukyad: lah ente ora wisuh sit ?
Takyun: ora sempat, mulane prembetan rajeg..
Sukyad: terus tetep ceramah ?
Takyun: ya iyalah... cuma aku ora kalah akal..!
Sukyad: maksude ?
Takyun: lubar aku mbahas mslh materi kisah
Isro mi'roj, aku cerita!"yen kyai saiki ora
Kaya kyai biyen pak bu... nek kyai biyen
Bener2 kyai mulane akeh sing nduwe
Maunah (karomah), zaman biyen tangan
ne kyai go rebutan jak salaman, krn pd
Njaluk barokahe..! Aku nyritakna yen
Biyen ana kyai sepuh sing bs ngei isarat.
yen sing ngambung tangane trs mambu
Wangi, brrti uwong mau kuwe apik
Prilakune ! Tp nek mambune bacin ky
Tembelek brrt uwong sing ngambung
Mau Klakuane badeg !
Sukyad: terus ?
Takyun: barang esuk2 aku pan mngkt mbecak
Ketekan tamu uwong 9, aku nebak kayane
Panitia mbengi, sngaja aku ra ngejak
Salaman ben ra konangan.. Langsung tak
Gon njagong, tak kandani "sampean kabeh
Mulai saiki klakuane dirubah, uwong urip
ra suwe ng ndunya! "... Langsung salah
Sijine tamu "pak kyai pancen hebat bs
Ngerti atine uwong? Mulane aku kabeh
Mrene arep njaluk pitutur pak kyai! Akhire
Tak ndei amalan gon maca sholawat ping
100 sedina... barang pd balik pd ngamplopi
50ewunan... bojoku metu...
takon" tumben pa, esuk2 akeh tamu?
Aku jawab "ya santri pan bljar ma'rifat !
Jero bathin, yen diundang ceramah maning
Arep nggawa tembelek sing umah ah.....
Sukyad: dasarrr ustad gebleg...