( Bulan Puasa )
Sebagai suami, takyun kr sukyad memang uwong lanang sing bertanggung, senajan nglakoni puasa tp tetep mangkat golet rezeki.
Takyun: puasa yad?
Sukyad: puasa...! Ente sih puasa ?
Takyun: aku ya puasa..!
Tp aku getun wingi...!
Sukyad: getun pime?
Takyun: aku yen prei mbecak, biasa oh..sahur
Trs nunggu subuhan, bar subuhan trs
Turu tangine yen krungu adzan dhuhur..
Tapi wingi payahh...
Sukyad: payah pime ?
Takyun: adzan dhuhur ta kira adzan maghrib..!
Sukyad: bisane ?
Takyun: nèng musholahe aku kan sing adzan
Wis dibagi bagi! Duhur ashar sing adzan
Rasijo, maghrib kr isya rasmad trs sing
Khusus adzan subuh kaki tangwin ! Aku
Wis apal suarane masing2!wingi aku
turu awan, trs aku krungu adzan...
Tak dirungokna suarane si rasmad, jero
Bathin"ah.. wis maghrib jebule" ,aku ya
Sempat jengkel ring bojo, bisane duhur
Ora di gugah...pikirku. aku tangi lngsung
Nginung oh.. trs metu sing kamar kr udud
Lah barang metu, anaku sing cilik "bapa
Ora puasa..bapa ora puasa!" Aku ya bing
ung..
Sukyad: terus ?
Takyun: aku penasaran metu.. lah jebule esih
Padang, rupane mau adzan duhur tp
Sing adzan rasmad karena si rasijo jare
Lagi lunga...
Sukyad: puasane batal ?
Takyun: batal sih ora.. cuma akhire puasa bedug
Buka anggo sega wadang..
Tapi aku isin men yad !
Sukyad: isin pime ?
Takyun: rupane anaku terut dalan gemboran
"Bapane aku ora puasa, bapane aku
Ora puasa..! Akhire uwong sing ora
Ngarti dadi ngarti aku ora puasa oh..
Pan tak ganyam durung nalarr...
Sukyad: ha..ha.. ra papa sing penting ora sngaja
Takyun: yad koen yen fitrah neng sapa?
Sukyad: neng kyai ne yah...
Takyun: fitrah ring aku kena oh....
Sukyad: bisane ?
Takyun: aku kan yatim piatu !
Sukyad: yatim piatu ka... ws tua...!
Takyun: kuwe tah bokan ikhlas....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar