( NDOSPOK NGALOR NGIDUL )
Wayah sepi penumpang biasa go nospok ng pangkalan becak.
Takyun: zzeetzz.... (takyun nylilit )
Sukyad: ente awit wingi tak diteni yen mangan
Awan balik umah mesti sawise nylilit....
Jawane pamer....? Kayong kas olih rejeki
Gede ya?masak daging terus ?
Takyun: masak daging apane...
Sukyad: lah kuwe sliliten ...
Takyun: sliliten kangkung kaaa...
Sukyad: bokan sih sliliten rendang ?
Takyun: rendang bongkrek ?bojoku masak
Kangkung be enyong ws bersyukur kaa...
Malah aku seneng ora cepet kena strook..!
Sukyad: pada kr bojoku yen masak ora adoh kr
Tumis kangkung,jangan asem,mirong ....
Takyun: payah mertuaku lanang...
Sukyad: payah pime ?
Takyun: biasa mertuaku lanang kan trknal ustad
Kadang di kongkon nyembelehna...
Lah pas wktu gon nyembelehna ng kajine,
Enyong ngomong pesen njaluk brutune..
Bee.. babar blas ora di ndei... aku takon
Jare kajine ora olih...
Sukyad: kaji pelit... dasar kaji siraadd...!
Takyun: bisane kaji sirad ?
Sukyad: lah yen slametan,yen pacetane durung
Enteng bersih ora merad sih...!
Takyun: ha..ha.. pinteran koen yad...!
Sukyad: uwong pangkate jaluki brutu bee ora
Di gawakna... pancen sirad pelit...
Takyun: pancen....
Sukyad: gon nyembeleh ayam apa endog yun ?
Takyun: keboo... !
Sukyad: halah.. sikkah... koen uwong brutune
Kebo ya ora bakal di ndei oh... bokan sih
Brutu ayam apa endog.! Koen awagan
Pirang kilo bae brutune kebo..yen tleponge
Tah ndean olih...
Takyun: iya.. paronan kr koen ya...?
Sukyad: berrti yen bokong kebo brutu,bokonge
Bojo ya koen ari ngarani brutu jg ?
Takyun: ya orraa... kae tah boncengan oh...
Yad yad... ana Uwong nggawa tas kresek
Mrendot men kaeh... kayane penumpang
Golet becak.. go enyong ndisit ya ?
Sukyad: mana oh di papag...
( Takyun Mlayu mapag ....)
~~ Let ora suwe balik maning...~~
Sukyad: bisane balik maning yun ?regane ora
Cocok ?
Takyun: asem ka.. tak takoni "bade tindak pundi"
Ora njawab malah ngekrek.. jebule wong
Gebeleg... lampua aku mlayu sampekan
Kepadug watu...
Sukyad: ha..ha.... takoni nomer oh...!
Takyun: koen kentir! Takone alamate dewek be
Ora paham kaa.. apa maning nomer.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar