( Takyun Dadi Bos )
Takyun saiki dadi uwong sukses neng kampung, suatu saat ngajak piknik simbahe aring kota metropolitan jakarta.
Dalam keberangkatane sngaja takyun numpak bis executive AC walau takyun nduwe mobil pribadi.
~~ Neng njero bis simbahe takyun sing arane kaki kardi mulai gelisah... ( simbahe memang asli uwong kampung tulen sing ra pernah lunga2 piknik)~~
Simbah: yun.. kie ana sing ora beres...!
Takyun: ora beres apane mbah ?
Simbah: kayong ana sing sirik maring aku..
koen ngrasakna ora hawane bis kiye
Anyes atis oya ? Kiye kayane kiriman
Santet...
Takyun: kie atis krn AC Mbah...
Simbah: ngarti apa koen.. kie santet (karo ko
Mat kamit maca mantra)
Takyun: ya ws karepe simbah...(tinggal turu)
(Nyampai jakarta penumpang mulai pada mudun siji siji,kenek mulai nyebutna aran jalan sing di lewati)
~~neng dalan slamet riyadi ana penumpang mudun, gatot subroto ana sing mudun, kartini ana sing mudun, jalan sudirman ana sing mudun.dst... simbahe takyun mulai heran cmpur bingung ~~
Simbah: yun koen ka ora di undang2 ? Ngko
Ora mudun2 oh...
Koen sih mau asal numpak, ora kaya
Uwong sing pd mudun mau, ndaftar
Aran sit ndean ?
Takyun: kae sing mudune neng dalan mbah!
Ndaftar aran sit ben diundang... nek
Simbah kr aku mudun ng terminal
Ora usah ndaftar aran...
Simbah: oh... kaya kuwe.. pantes keneke kenal
Arane Penumpang siji2...
(Bis nyampai trminal takyun langsung meluncur maring MALL nggolet Kuliner (court Food) mangan awan )
Takyun: kie mbah ngemil sit...
Simbah: panganan apa kiye yun ?
Takyun: MD Mbah,donàlt asal amerika...
Simbah: ngomong apa koen.. kie biyen mbah
Buyutmu ya dagange ky kiye, mung
Arane JALABIYA...
Liyane bae...
(Takyun Nggolet panganan liya)
Takyun: kiye mbah spagety khas Italy...
Simbah: kiye tah pinggir pasar be akeh...
Mas tayoh ya dodol mie ayam..
Liyane ...
(Takyun bingung, akhire maring japan food)
Takyun: kiye mbah khas jepang moci kr sashimi
Simbah: kie tah ws kulina mangan wit cilik..
Gemblong ketan...
Lah kiye iwak mentah dimpakna aku..
Emang simbah kucing...?
Takyun: kuwe sashimi larang mbah....
Terus simbah pan mngan apa ?
Simbah: kluban tronggong karo gereh..
Takyun: ya kudune ngenteni warteg buka neng
Kene.. ( karo setngah dugal )
( TURU NENG HOTEL )
Takyun: simbah kok durung turu kaya semedi..
Simbah: koen aja ngganggu simbah lg ritual..
Takyun: ana apa mbah...
Simbah: kiyeh ora neng bis ora neng hotel
Kiriman santete teka maning.. hawane
Anyes, kiye msti santet...
(Takyun paham.. lngsung njukut remot AC terus di Off )
Simbah: Weruh oh ya?? barang ta baca2
Santete ilang...
Takyun: wis turu oh mbah.. ngko esuk melu
Maring kancaku sing dadi manager
Pabrik cornet sapi..
( PABRIK CORNET SAPI )
Takyun: kiye pabrik kornet mbah..
Simbah: kae sapi urip gawani mlebu go apa ?
Takyun: oh.. kae simbah msti heran...
Kae sapi mlebu pabrik,ngko metu wis
Dadi Kalengan mbah...
Simbah: aku ora heran... esih kalah kr simbah..
Takyun: bisane mbah ?
Simbah: paling2 sapi mlebu metune kalengan..
Lah biyen "barange" simbah mlebu
metune bapamu... berrti hebat
Simbah oh.....!
( Takyun Mung bisane ngelus dada )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar