Translate

Selasa, 15 November 2016

guyon tegalan ( nonton film neng bioskop )


( NONTON FILM,NENG BIOSKOP )

Nalika takyun pacaran karo mbk rasijem,yen malam minggu biasa nonton film india,karena kisah percintaane jare romantis.takyun pancen selerane rada mlastar tenimbang sukyad yen pacaran paling nonton film yen ana jamu jago atau pilkita ng lapangan alias film "MISBAR" Yen grimis pada bubar.
Takyun tuku karcis neng tempat duduk balkon,jejer karo mbk rasijem.pas nalika arep njagong rupane ana bungkusan katon "rapi"neng nduwur bangkune takyun,jero bathin "ah.. lumayan ana barang ketinggalan,mumpung laka sing weruh ta dumpetna ng sak jaket..!"
Selang beberapa menit film diputar,sesekali takyun mimpet cungur rupane ana mambu sing ora enak,karo mbathin "kie uwong ayu ayu ka diajak nonton ngentut bae..!"karo nglirik rasijem.tapi krn rasa cinta sampe film bubar takyun ra wani nembung ato takon.sementara bungkusan nambah di slempetna spy ora konangan uwong liya.
Singkat crita film bubar! Takyun tangi karo iseng ngraba dompet,rupane dompet ra ana jebule pas mlaku njero mau kecopetan.apes maning pas metu neng pintu keluar krn penontone berjubel,takyun sendale betat mergo kepencot uwong.
Wis lagi sewot2 ditakoni uwong arep nonton.
"Um Filme Lakone sapa??" .. "Laka Lakon!anane
Bajingan kabeh!dompete aku be ilang!" Karo sewot mlaku metu sikile nyeret sebab sendale betat siji... uwong sing papagan pd nglirik trs mesem weruh takyun mlakune nyeret.. tp takyun ari ngedumel " dasar kucing ora sekola.. ngising ya neng dalan..kaya kiye kepencot uwong liwat..!" .Mbak rasijem mung cm mesam mesem.. untung rasijem nggawa sangu,kena go ongkos balik.
( TEKAN UMAH )
Sawise nganter rasijem balik umah,takyunpun langsung balik umah. Jaket di cantolna neng kamar,deweke langsung mapan adus,jarene " Mbuka bungkusane ngko bae ah.. bar adus.. muga2 barang berharga.. yen deleng bungkuse sih kayane barang larang.."
( MARI ADUS )
Takyun wis rapi,..nganggo klambi koko sbb pan siap2 sholat maghriban.. Bngkusan di buka.... " Asseem.. kotoran Bayi..!" (karo mimpet cungur sbb mambune mpak breng..) "Pantes awit mau dong nonton mambune brang breng.. ta kira rasijem sing ngentut.

**Jebule ana penonton nggawa bayi sing lagi mencret**

#heeheehee
#nurunintensi_panas_isuDEM



Tidak ada komentar: