Translate

Rabu, 16 November 2016

guyon tegalan ( Mbah Darjo )

Guyon tegalan
( Mbah Darjo )

Mbah Darjo ketekan tàmu..
Mbah: awakmu ra menggawe to
DuL?
Adul: anaku sakit mbah.. mulo aku teka rene..
Aku arep golet darah jeh mbah..
Mbah darahe nopo mbah ?
Mbah: uwong aku asli yogya,yo msti darahku
AB toh!!
Adul: masa iyo mbah ? Coba ndelok KTP ne...
Mbah: ra sah ndelok ktp...
Lah awakmu arep golet darah opo ?
Adul: arep golet darah B mbah...
Mbah: yen arep golet darah B,lungoa aring
Jakarta,oakeh neng kono..
Yen arep golet darah A lungoa maring
Banten..
Adul: trs yen darah O ?
Mbah: embuh jeh aku drng ngrti..
Ngrtiku yen D bandung..,E cirebon..,G pek
alongan..,L surabaya... AD solo...
Adul: lah kuwi kan tanda nmr plat kendaraan..
Dudu golongan darah...
Mbah: lah biyen zaman mbah sekolah pelajarne
Ngono ko....
Adul: mbah mantune siki nyupir nang ndi?
Mbah: aku ra paham saiki nyupir neng ndi...
Adul: simbah kan saumah,masa ra ngerti ?
Mbah: aku ra tahu takon2 jeh...
Adul: bisane ra tahu takon mbah ?
Mbah: yo karena aku ra tahu ngobrol...
Adul: bisane mbah...
Mbah: aku iki veteran,aku nduwe prinsip taat
Aturan....
Adul: maksude pripun mbah ?
Mbah: mantuku supir.. lagi dadi mantu anyar...
Zaman semono pas aku melu ring solo
Aku melu bis sing de'e nyupir.. trs nang
Samping supir ono tulisan " DILARANG
BERBICARA DENGAN SOPIR"... aku yo
Nganti saiki ra wani takon2 senajan nang
Umah bareng... wong aku taat aturan kok
Adul: halah.. mbah mbah.. ko ngono toh...
Mbah biyen simbah trkenal play boy yo?
Mbah: maksude ?
Adul: zaman biyen simbah iki go rebutan uwong
Wadon,pdhl punten,simbah yo raine biasa
Mawon...
Mbah: mbah iki biyen go rebutan mergo simbah
Duweni pengasihan..
Adul: pengasihan nopo mbah ?
Mbah: asihan jaran mendem...
Adul: piye mantrane mbah ?
Mbah: "niat insun arepan ngetrapake ajiku si
Jaran mendem,til kontal kantil kantile
Pating krantil...
Sijabang bayi kudu ngintil ora gimir duit
Secuil...
Tul kontal kantul kantule pating krantul
Yen seneng tajin rasane yakult yen ra
Seneng sega rasa katul..
Hong jompa jampu Tai asu katon tahu..
Sliramu katon ayu ojo lali karo aku.
("Terus karo gejuk bumi ping 3")
Adul: akeh men mbah mantrane.. manjur mbah ?
Mbah: yo lumayan... biyen simbah kawin ping
5....
Adul: jaman simbah biyen pacaran piye mbah ?
Mbah: jamanku ra koyo jaman saiki...
Yen biyen wis krungu suarane bae yo ws
Mbak serr atine.. opo meneh bs ketemu..
Tempelan jentik bae wis bungahe por...
Ra koyo jaman saiki... yen durung "jentik
Ngisor tempelan kr " Lambe" sing kuwi...
Yo jare kurang marem..
Mulo saiki,akeh prawan roso rondo..
Mergo ngetokke anak tanpo bopo..
Sekolahe ra lulus,.mergo senenge di elus2
Sekolah bubrah mrgo senenge hurah2..
Masa depane abot,mergo seneng dolanan
"Otot"...
Ora entok buku sing KUA,Mergo ora olih
Restu sing uwong tua...
Adul: ngono toh mbah....
Mbah: iki banyu gawa balik,terus di nungke anak
mu ben mari,ra usah golet darah... repot.
Jan cepet mulihyo...
Simbah arep istirahat.. ngumpulke tenaga
Go mangkat demo 4 november.
Adul: matur nuwun mbah...





Tidak ada komentar: