( PENUMPANG PELIT )
Takyun kayong lagi bingung lan heran, wit esuk mangkal narik becak ng pasar suradadi,sampai sore durung olih penumpang..
Padahal rencanane pan tuku jamu "srong pas" kapsul go malam jumatan.
Saat lagi bingung...ana penumpang ibu2 mudun ko elf..
Takyun: becak bu ?
Penumpang: adoh gelem um ?
Takyun: endi bu..?
Penumpang: Jubang...
Takyun: 30 ewu bu...
Penumpang: larang nemen um..
15 ewu... !
Takyun: tambahi bu...
Penumpang: wis ta tambahi sewu....
Takyun: ("ah drpd balik ra olih duit").. ya wis..
16ewu....
(Clereng goas goes becak mangkat.. neng pertngahan jalan ana jeglongan jero, takyun ra weruh.. )
~~JLEGS... Becake oleng..~~
Penumpang: kira2 um.. jèglongan di terjang
Bae.. sing ati2 luruh slamet..
Takyun: bu bu... 16ewu ka njaluke slamet..!
( Becak tekan tujuan )
Penumpang: Kieh um mbayare...
Takyun: Kurang bu..
Penumpang: 8ewu kurang pime ?
Takyun: lah mau jare 16ewu ?
Penumpang: lah sampean kan melu numpak..
Berarti 16ewu di bagi loro...
8ewu nan... kecuali sampean ndorong
Awit sing pasar..
Takyun: lah ngerti kaya kiye tah suka mau
Ngetem bae li bs ngetungi bis liwat (karo atine medegel takyun lunga ora poyan )
~~"Jare takyun jero bathin "asem..asem.. pantesan mau bengi nonton TV ketibanan tai cecek..."~ karo nggenjot becak seak seok sebab pelk rodane meleot kena jeglongan~~
( BALIK UMAH )
Bojone: balike sore temen pa ? Ndi martabake?
Takyun: martabak apa mangsane...
Roda becake be kena struk ka...(karo
Ilang ileng ng tembok )
Bojone: nggoleti apa sih pa..?
Takyun: golet cecek sing ngisingi aku mbengi!
Bojone: bisane ?
Takyun: gara2 ketibanan tai cecek, aku apes
Nggawa penumpang pelit tur becake
Rusak..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar