( Dorong Bolak Balik )
Apes ora kenal waktu,ora awan ora bengi yen wis tekane apes ya pancen apes.
Takyun niate ngejar setoran narik becak tengah wengi golet ongkos sing rada luwih akeh.. tapi rupane keberuntungan ora berpihak mung cuma narik penumpak siji tok tur apes.
Takyun: yad aku wingi bengi apes ah..
Sukyad: apes apa maning?nggawa penumpang
Pelit maning ky sing ndisit?
Takyun: ora..!penumpange tah ora pelit,cuma
Aku kapesan..
Sukyad: kapesan pimen ?
Takyun: aku nggawa penumpang wong wadon
kas jakartanan balik maring kertasari...
Ongkos okeh.. 50 ewu gelem,aku ya smngt
Lumayan kena go nambh2 tuku fitrah..
Sukyad: terus apese pimen ?
Takyun: wit sing pasar ora ana maslh becak
Semlorot di genjot,barng tekan sawah pas
Neng blok gedondong,tak genjot ngesrong
,Jeron bathinku muga2 mung cuma rantai
Sing copot,tp barang ta priksa.. ampun
Jebule rantai pedot.. enyong bingung esih
Neng tngh sawah adoh ko kena kene,laka
Bengkel,payahe enyong ra nggawa rantai
Serep... golet motor liwat ra ana..!
Sukyad: akhire pimen ?penumpange mudun ?
Takyun: penumpange ra gelem mudun,uwong
Jare bayarane ws di tampani,deweke idep
Ora ngarti sing pnting tekan enggone....
Akhire becak tak dorong tekan umahe,rasa
rasa ambekanku pan ucul,cb bayangna ....
Penumpange Lemune ra umum tur lagi
Meteng tua maning abote ora lumrah wis ky
Kuwe gawanane 3 kardus kr tas gede...!
Sukyad: haa...ha.. terus balike ?
Takyun: balike ya dorong maning yah... tekan
Umah smpai adzan subuh tembe nyampe..
Bayaran 50 ewu mung turah 10 ewu..!
Sukyad: sih bisane ?
Takyun: 30 ewu go mbayar tukang pijet...
10 ewu go tuku jamu cap becak kr
Endog bebek.. go tuku rantai nyong
Njaluk duite bojo...
Pes apes..
Pancen yad.. aku sadurunge ngimpi
di ndai duit neng almrhm bapa....
Sukyad: apa iya ana hubungane ?
Takyun: ya kayane ana,yen ngimpi dinai duit
Ora apik,apa maning ketibanan tai cecek
Kaya lg minggu wingi olih penumpang
Pelitte nahu dzubillah...
Sukyad: ya ws sing sabar yun.. uwong sabar
Bokonge jembar !
Takyun: ngarang koen..! Bojone enyong jembar
Bee.. ora kantinan kaa...
Sukyad: keekk kekk...kekkk...
Takyun: ngekrek maning...
#selamatsiang_waktusini
#selamtmalam_WIB
Tidak ada komentar:
Posting Komentar